Selasa, 14 Oktober 2014

GEGURITAN

Drajat Sang Nata

Kelap gumebyar kartika jagad
Sinangsaya sirna lebur ing rasa
Rasa pangrasa kaiket keket dening drajat
Lumintir nglikas manah sang jalma


Laku kang luwar saking agama
Anggawe risak tanpa satitik piguna
Dosa kang ngiteri raga
Nuwahake lelara ana ing donya


Nlasab sadaya tumindak sang nata
Tumiyung ing angkara murka
mujudake tintrim sedaya panata nagara


By: Nofiana Puji Lestari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar